Jumat, 15 November 2013

Nggatra Bebuden Luhur Lumantar Gerakan Pramuka

Klaten, – Pramuka mujudaken  salah satunggaling kridha ekstra kurikuler sekolah  ingkang trep kangge nggatra bebuden luhur  bangsa. Bab punika jalaran nilai-nilai pendidikan karakter kaliyan nilai-nilai dasa dharma tetela sami. Awit saking punika  Pramuka saged dados sarana kangge nggatra bebuden luhur bangsa.

Bab kasebat dipun andharaken dening Pembina Pramuka, Tugiman, salebeting Pembinaan Pramuka Penggalang ing lapangan SD Mireng Kecamatan Trucuk Klaten. Miturut Tugiman, saben warga saged dados warganing  Pramuka wiwit umur pitung taun ngantos  25 taun, kanthi sebatan  anggota muda, lan kaperang dados golongan  Pramuka Siaga, Pramuka Penggalang, Pramuka Penegak, sarta Pramuka Pandega. Golongan kasebat mindhak, dipun jumbuhaken kaliyan pangrembakaning kawontenan jiwa lan raga warganing pramuka, dene pendidikan karakter ingkang dipun gegulang antawisipun  piwucal agami, jujur, tepa salira, disiplin, greget makarya sarta kreatif. Gerakan Pramuka dipun ajab dados kalodhangan kangge  ndayakaken wiranem  lumantar maneka kridha ingkang migunani, antawisipun kridha budaya.

Kridha Pembinaan Pramuka Penggalang samangke minangka cecawisan kangge  ngadhepi jambore nasional ingkang badhe dipun adani ing Lapangan Kepurun Klaten wulan Desember benjing, dene materi kepramukaan ingkang dipun andharaken, antawisipun  semaphore, kompas, tali temali, lan sandi pramuka.

- See more at: http://www.jogjatv.tv/berita/14/11/2013/nggatra-bebuden-luhur-lumantar-gerakan-pramuka#sthash.7HNYjNM4.dpuf

0 komentar:

Posting Komentar